Dopokan Ngopi Bareng: Nur Gora Rupa Banyumas Raya

Dina Setu Wage tanggal 17 Sura 1954 Ja utawa tanggal 5 September 2020 M wingi dianakna acara rutin Dopokan Ngopi bareng Kaki Gobed. Wingi kuwe acara sing istimewa. Bintang tamune sing rawuh uga istimewa. Sing dadi narasumber pelukis-pelukis kesepuhan Banyumas, yakuwe Eyang Jati, Mbah Hadiwijaya, lan Mbah Abusono. 



Nang acara sing dianakna nang daleme Mbah Hadiwijaya, nang Teluk Purwakerta wengi kuwe ngangkat tema sing diarani Nur Gora Rupa Banyumas Raya.

Kanggo tambah gayeng, Eyang Jati uga kersa njoged. Jebule pancen ora mung pelukis tapi uga penari. Maen banget.

Ana pelukis-pelukis asli Banyumas pada kersa rawuh, yakuwe Kang Jonte, Kang Zen, Kang Buset, lan uga Kang Johan sing langsung pada melukis nang kono. Jan apik pisan.

Tamu-tamu sing pada rawuh uga akeh sing klebu seniman, contone Kang Titut, Mbah Cipto, Kang Mugo, Kang Eko, Kang Teguh, lan liya-liyane.

Acara sing dipandu Kaki Gobed wengi kuwe jan gutul nganti lewih saka jam 12 wengi. Kang Kirlan sing mandegani persiapan lan sekabehane rumangsa bungah, merga para tamu katone ya pada marem. ***

Posting Komentar

0 Komentar