Endang endong dina Setu tanggal 29 Agustus 2020 wengi kiye nang daleme Pak Sukirlan, Jl. Raji Mustopa, Pasiraja Kidul, Bantarsoka Kabupaten Banyumas.
Sing rawuh mandan akeh. Ana Kang Titut, Mbah Hadi, Mbah Yanto Pakel, Eyang Jati, Kaki Gobed, Kang Trisno, Kang Teguh, Kang Eko, Pak Heri, Pak Yoto, lan Pak Bandi.
Sing dirembug werna-werna, klebu apa sing perlu disiapna kanggo rekaman acara Dopokan mbesuk tanggal 5 September 2020 nang daleme Mbah Hadi.
Acara Dopokan nang daleme Mbah Hadi mbesuk bakale arep nampilna Mbah Hadi, Eyang Jati, lan Mbah Abusono. Mbesuk arep pada ngendika babagan seni lukis Banyumas. Kejaba kuwe, mbesuk Eyang Jati lan Kang Titut uga arep nampilna atraksi sing istimewa.
***
6 Komentar
Insya Alloh,.
BalasHapusMoga2 bisa kasembadan sedyane kanggo kabeh Sedulur Goramas,.
Aamiin,.
👍👍🙏
Amiin
HapusSemoga Allah melancarkan segala urusan kita dalam kebersamaan memajukan budaya Banyumas Raya.
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
HapusAmiin
HapusMugi lestari kang kaesti widodo kang sinedyo
Hapus